tembang macapat


1.   MIJIL (6 gatra)
Jalak uren mawurahan sami, 10 i
Samadya andon woh, 6 o
Amuwuhi malad wiyadine, 10 e
Ana manuk mamatuk sasari, 10 i
Angsoka sulastri, 6 i
Ruru karya gandrung. 6 u

Watake : trenyuh. kepilut

2.   SINOM ( 9 gatra)
Nulada laku utama, 8a
Tumrape wong tanah jawi, 8i
Wong agung ing ngeksiganda,  8a
Panembahan seno pati, 8i
Kepati amarsudi, 7i 
Sudaning hawa lan napsu,8u
Pinesu tapa brata, 7a
Tanapi ing siyang ratri, 8i
Amemangun karyenak tyasing sesame. 12a

watake : bungah, mencutaken

3.   ASMARADANA (7 gatra)
Gegarane wong akrami, 8i                     
dudu bandha dudu rupa, 8a            
amung ati pawitane, 8e                       
luput pisan kena pisan, 8o                      
yen gampang luwih gampang, 7a            
yen angel angel kalangkung, 8a              
tan kena tinumbas arta. 8a       

watake : sedih, kangen, kingin

4. KINANTHI (6 gatra)
Anoman malumpat sampun, 8u
Praptêng witing nagasari, 8i
Mulat mangandhap katingal, 8a
Wanodyâyu kuru aking, 8i
Gelung rusak awor kisma, 8a
Ingkang iga-iga kêksi. 8i
Watake : seneng, gandrung



5.   GAMBUH (5 gatra)
Sekar gambuh ping catur, 7u
Kang cinatur polah kang kalantur, 10u
Tanpa tutur katula tula katali, 12i
Kadaluwarsa katutuh, 8u,
Kapatuh pan dadi awon. 8o

watake : lugas, blaka, tanpa ragu-ragu




6. DHANDHANGGULA (10gatra)
Lamun sira anggeguru kaki, 10i
Amiliha manungsa kang nyata,10a
Ingkang becik martabate,8e
Sarta kang wruh ing kukum, 7u
Kang ngibadah lan kang wirangi, 9i
Sokur oleh wong tapa, 7a
Ingkang wus amungkur, 6u
Tan mikir pawehing liyan, 8a
Iku pantes sira guron ana kaki, 12i
Sartane kawruhana.7a

watake : luwes, manis, sengsem

7. MASKUMAMBANG (4 gatra)

Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi, 12i
Anemu duraka, 6a
Aing donya tumekeng akhir, 8i
Tan wu rung kasurang surang, 8a

watake : sedih, getun

8. DURMA (7 gatra)
Damarwulan aja ngucireng ngayuda, 12 a
Baliya sun anteni, 7 i
Mangsa sun mundura, 6 a
Lah Bisma den prayitna, 7 a
Katiban pusaka mami, 8 i
Mara tibakna, 5 a
Curiganira nuli. 7 i
Watake : galak, greget, semangat

9. PANGKUR (7 gatra)

Lumuh tukua pawarta, 8a
Tan saranta nuruti hardengati, 11i
Satata tansah tinemu, 8u
Kataman martotama, 7a
Kadarmaning narendra sudibya sadu, 12u
Wus mangkana kalih samya, 8a
Sareng manguswa pada ji. 8i

Watake : gagah, perwira, greget

10. MEGATRUH (5 gatra)
Sigra milir kang gethek sinangga bajul, 12u
Kawan dasa kang njageni, 8i
Ing ngarsa miwah ing pungkur, 8u
Tanapi ing kanan kering, 8i
Kang gethek lampahnya alon, 8o

watake : susah, sedih, gela

11. POCUNG (4 gatra)
Ngelmu iku kalakone kanthi laku, 12u
Lekase lawan kas, 6a
Tegese kas nyantosani, 8i
Setya budaya pangekese dur angkara, 12a

watake : sembrana, lucu 

by : Hilda khoirunnisa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar